Desa Sluke punika dipunpendhet saking
julukan asma tiyang estri ingkang kemanggen ing dusun punika. Tiyang estri
punika asmanipun Putri Sarijati. Putri Sarijati rawuh ing dusun punika kaliyan
para pengikut-pengikutipun kangge nyebaraken agami Islam. Nalika Putri Sarijati
kaliyan para pengikutipun ngantos dumugi desa punika, sampun manjing wekdal
salat. Putri Sarijati kaliyan para pengikutipun badhe nglampahaki wekdal salat.
Nanging piyambakipun boten kepanggih toyo wonten mrika. Lajeng Putri Sarijati
punika nancepaken pedhangipun wonten lemah. Selajengipun toyo medal kanthi
lanvar ugi sakmenika dipunparingi asma Sumur Gedhe. Selajengipun, Putri
Sarijati kaliyan para pengikutipun diwiwiti wudlu ugi langsung nglampahi salat
wonten masjid ingkang sakmenika dipunparingi asma Masjid Elor / Masjid Tiban.
Salajengipun, Putri Sarijati
mangertosi para penduduk ingkang manggen ing desa punika, piyambakipun nyuwun
izin kaliyan warga desa punika kangge mbangun setunggalipun griya kangge
manggen piyambakipun kaliyan pengikutipun.
Ing desa punika, Putri Sarijati pikantuk julukan, inggih punika Putri
Suluk, ingkang dados dasar nami desa punika. Julukan punika dipunsebabaken
amargi kebiasaan Putri Sarijati ingkang remen ngresuluk. Ngresuluk punika asal
saking basa jawi ingkang artosipun setunggalipun kegiatan ingkang dipunsebut
munajat dhateng Allah SWT.
Saksampunipun dangu nglampahi
pagesangan lan nyebaraken agama di desa punika, selajengipun dumugi para
anggota saking Kerajaan Majapahit kangge nyebaraken agami Hindu. Kedadosan
punika boten dipunremeni kaliyan Putri Sarijati, mila piyambakipun gadhah
maksud ngasuraken musuhipun. Nanging boten disadari, salah setunggalipun putra
saking Raja Kerajaan Majapahit punika tresna dhateng Putri Sarijati, amargi
remen kaliyan kecantikanipun ugi kesaenan Putri Sarijati. Pangeran punika
gadhah maksud melamar piyambakipun. Putri Sarijati menolak, amargi alasanipun
benten agami.
Pangeran punika malah duka ugi
ngawontenaken perang kaliyan kerajaan ingakang dipunpimpin Putri Sarijati.
Kangge jawab tantangan perang punika, dipunwontenaken tradhisi nabuh gong
ingkang dipunlampahi dhateng kakak Putri Sarijati ingkang dados panglima perang
punika. Saumpami gong gadhahipun kerajaan Putri Sarijati ditabuh medalaken
swanten, mila peperangan punika dipuntampi, amargi piyambakipun badhe menang.
Nanging, saumpami gong punika bonten
nyuwanten, mila boten ditampi, amargi piyambakipun badhe kalah. Salajengipun
gong punika ditabuh, lajeng boten medalaken swanten. Kakak Putri Sarijati ugi
merintah Putri Sarijati kangge nolak perang punika. Sang Putri boten kersa.
Piyambakipun semangat kanggetetep nglampahi peperangan. Kaliyan nyamar dados
tiyang jaler supados boten dipunngertosi identitas piyambakipun, Putri Sarijati
ugi mimpin peperangan punika.
Let wekdal, salajengipun, kados
dugaan awal kakakipun, Putri Sarijati kawon dhateng perang punika. Piyambakipun
kasil dipunpejahi kaliyan Pangeran Majapahit ugi nunjepaken pedhang wonten
padharanipun Putri Sarijati. Sakderingipun piyambakipun seda, Putri Sarijati
sempet mlajeng. Getih saking padharan Putri Sarijati netes wonten ing margi.
Tetesanipun getih medalaken ganda wangi, sehingga dhaerah punika dipunparingi
asma Mbarwangen. Putri Sarijati
lajeng mlajeng. Ngantos pungkasanipun, piyambakipun boten kiyat malih ugi seda
wonten sebelah lepen.
Hal punika nyebabaken rikma palsu
ingkang dipunginaaken Putri Sarijati kangge nyamar coplok. Sang Pangeran
ingkang saking wau ndhereaken, akhiripun priksa dhateng tiyang ingkang
dipunpejahi inggih punika tiyangingkang dipuntresnani. Sang Pangeran punika
langsung ngambungi Putri Sarijati wonten sebelah lepen. Mila punika lepen
dipunparingi asma Kali Sengok.
Dhudutan cerita, desa ingkang dados
panggenan Putri Sarijati, ingkang saat punika dados dhaerah panggenan kula
piyambak, dipunparingi asma Desa Sluke,
amargi dipunpendhet saking julukan Putri Sarijati inggih punika Putri Suluk.Info lebih lanjut : Aldian.niko@yahoo.com